CERITA WAYANG BAHASA JAWA


Pracona sekti mandraguna gawe wedine para dewa
Prabu Pracona iku raja ing nagara Tasikwaja. Wujude raseksa sing sekti mandraguna utawa widigjaya. Prabu Pracona pengin duwe prameswari sawijining widadari ing Suralaya. Prabu Pracona banjur pengin nglamar Dewi Gagarmayang. Dheweke ngutus ditya Kasipu kanggo mujudake gegayuhane. Nanging panglamare ditulak para dewa. Pracona banjur mrentah Kasipu supaya ngrabasa Suralaya. Wusana pecah paprangan antarane wadyabalane Pracona sing ditindhihi ditya Kasipu kalawan para dewa ing Suralaya.
Paprangan lumaku rame lan suwe. Wadyabala dewa krasa kasoran ngadhepi panempuhe wadyabalane Pracona lan pangamuke ditya Kasipu. Ditya Kasipu dhewe pancen sekti mandraguna, ora beda kalawan Prabu Pracona. Para dewa sing kasoran temen-temen banjur ngudi jago sing bisa ngimbangi pangamuke ditya Kasipu sakwadyabalane. Prabu Pracona ing jagad pedhalangan Jawa kondhang minangka raja krajan Gilingwesi. Dene ditya Kasipu ing jagad pedhalangan Jawa kondhang kanthi jeneng ditya Sekipu. Amarga kadhesek lan sansaya kasoran, para dewa banjur mundur saka pabaratan. Dewa banjur mintasraya Pandhawa kanggo ngadhepi panempuhe ditya Kasipu sakwadyabalane. Ananging amarga kuwat lan sektine ditya Kasipu sakwadyabalane, para Pandhawa uga kasoran lan ora kasil ngadhepi panempuhe wadyabalane Pracona ing Suralaya.

Daya lan kasektene Pandhawa imbang kalawan daya lan kasektene wadyabalane Pracona lan tetindhihe saka krajan Tasikwaja. Wusana, para dewa bisa nemokake jago kang bakal bisa nandhingi lan ngadhepi pangamuke ditya Kasipu. Jago kasebut ora liya Gathotkaca sing isih bayi, anake Arya Sena utawa Werkudara lan Dewi Arimbi saka Pringgadani. Gathotkaca banjur dijaluk dening para dewa lan bakal digegulang supaya menjila dadi sekti mandraguna minangka satriya ampuh pilih tandhing. Sawise digegulang ing kawah Candradimuka lan antuk kasekten saka para dewa arupa daya ora tedhas tapak paluning pandhe sisaning gurenda, Gathotkaca banjur antuk prentah kanggo ngadhepi pangamuke wadyabalane Pracona.
Nalika iku awake Gathotkaca dadi sansaya gedhe lan uga nuduhake kasekten sing ngedab-edabi. Lan wusana Gathotkaca kasil ngasorake lan mateni ditya Kasipu. Krungu patine ditya Kasipu, Prabu Pracona dadi nesu lan banjur metu ing pabaratan, mimpin dhewe wadyabalane lan bali ngrabasa Suralaya. Kridhane Prabu Pracona nggegirisi temen-temen, kabeh dewa sing ngadhepi padha kaweden lan kasoran. Gathotkaca banjur ngadhepi kridhane Prabu Pracona. Kekarone andon yuda rame banget. Nanging amarga saka daya kasektene sing pancen kaluwih-luwih awit digegulang para dewa ing kawah Candradimuka, Gathotkaca bisa ngatasi kridhane Prabu Pracona. Lan nalika Pracona lena, Gathotkaca kasil ngrangket awake Pracona lan banjur dipateni pisan.
Sabanjure Gathotkaca dibiyantu para Pandhawa banjur ngadhepi prajurit-prajurit saka Tasikwaja. Para prajurit iku sawise weruh yen rajane wus mati banjur padha mlayu salang tunjang, golek slamet dhewe-dhewe. Gathotkaca lan para Pandhawa kasil nylametake Suralaya saka pangamuke para prajurit krajan Tasikwaja.

Comments

Popular posts from this blog

CERPEN

MACAM-MACAM BUKTI TRANSAKSI

KIRANA LARASATI