CERITA WAYANG BAHASA JAWA


ARYA DAMAR
Nalika semana sang Prabu Brawijaya lagi mbebedhag ing satengahing alas. Ora ngira yen ing alas kuwi ana gandarwa wadon sing lagi nggatekake. Meruhi bagus bregase Sang Prabu, gandarwa mau banjur kasmaran. Gandarwa mau jenenge Sasmitapura. Rina lan wengi wewayangane Sang Prabu ora bisa dilalekake. Rumangsa ora kuwat nyangga urubing asmara, Sasmitapura banjur nangisi lan njaluk tulung marang kakange. Welas meruhi panandhange adhine, kakange Sasmitapura banjur ndandani Sasmitapura saengga wujude malih dadi wanita ayu sing prasasat ora ana tandhinge.

“Wis, Ndhuk, saiki rupamu wis ora wujud gandarwa. Rupamu ayu, kinyis-kinyis, ngalahake sakehing wanita ing saklumahing bumi iki.” “Iya, Kakang, aku seneng banget. Nanging apa bener Sang Prabu bakal kayungyun yen weruh wujudku saiki?” “Mesthi wae, Ndhuk. Sang Prabu mesthi kayungyun. Saiki budhala tumuju Majapahit, suwitaa ana kana. Jenengmu salinen dadi Dewi Sasmita,” welinge kakange.

Dewi Sasmita seneng banget atine. Dina kuwi uga dheweke budhal tumuju Majapahit. Sawijining punggawa karaton Majapahit sing rumangsa ngungun weruh kasulistyane Dewi Sasmita banjur monjuk ana ngarsane Sang Prabu. Dening Sang Prabu, Dewi Sasmita ditimbali marak. Lan tenan, Sang Prabu banget kayungyun marang dheweke. Panyuwune Dewi Sasmita supaya bisa suwita ing Karaton Majapahit enggal-enggal dikeparengake. Suwening suwe Sang Prabu pancen ora bisa ngendhaleni kobaring asmara. Mula saka kuwi Dewi Sasmita banjur dipundhut minangka garwa ampil.

Ora suwe saka kedadeyan kuwi, Dewi Sasmita ngandheg. Mesthi wae gawe remening penggalihe Sang Prabu. Sawijining dina Dewi Sasmita matur Sang Prabu yen dheweke nyidham. Kanthi kebak tresna lan sih Sang Prabu ndangu,”Sejatine kowe kepingin apa Nini, aja wedi matur, amarga apa sing dadi pepenginanmu kuwi ora liya ya panyuwune jabang bayi, ya putraku dhewe, mula enggal matura.” “Nun inggih, Gusti Prabu, sejatosipun kula kepingin sanget nedha gecok mentah,” ature Dewi Sasmita.

Sanadyan ngungun penggalihe dene garwa ampile nyidham gecok mentah, Sang Prabu ugi minangkani. Para abdi didhawuhi nyawisake panjaluke Dewi Sasmita. Gecok mentah mono wujude daging mentah dibumboni kaya jangan, nanging mentahan kabeh. Bareng sing dipengini wis dicawisake, Dewi Sasmita banjur mangan sakwareke, ditunggoni Sang Prabu. Ora kanyana, wujud putri ayu sing maune ana ngarsane Sang Prabu dumadakan ilang musna, salin wujud dadi gandarwa kaya maune. Sang Prabu kaget banget lan uga duka yayah sinipi. Dewi Sasmita ditundhung saka kedhaton. Tangise kelara-lara. Nanging piye maneh, pancen kabeh kuwi minangka wohing tumindake dhewe dene wis cidra ana ngarsane Sang Nata. Suwening suwe Dewi Sasmita bisa nampa kaanan. Nangisa ora ana gunane wong pancen lupute dhewe.

Nanging dheweke seneng amarga bisa ngandhut tetesing getihe ratu sing digandrungi. Bareng wis wancine lair, Sasmitapura banjur nglairake bayi. Wujud bayi lanang sing bagus rupane. Ora ana sathithika tandha yen lair saka ibu wujud gandarwa. Bayi mau diwenehi tenger Jaka Dilah.
Kanthi kebak tresna lan sih, bayi mau diopeni nganthi dewasa. Bareng nakokake sapa bapake, ibune blaka yen saktemene dheweke kuwi putrane ratu Majapahit. Jaka Dilah banjur pamitan marang ibune, arep nggoleki lan nemoni bapake.“Aja, Thole. Kowe ora bakal diakoni, luwih becik tetepa melu biyung ana kene.”

Nanging Joko Dilah nekat budhal, niyate sanadyan ora diaku anak, bisa suwita ing Karaton Majapahit wae wis rinasa cukup. “Ya wis, Le, yen ngono budhala. Muga-muga bisa kelakon apa sing dadi idham-idhamanmu. Dene yen ana apa-apa matura biyung, sapa ngerti biyungmu iki bisa mbiyantu.”  Saktekane ing Karaton Majapahit, Jaka Dilah banjur nelakake pepenginane suwita. Pirsa jaka bagus sing ngadhep ana ngarsane, Sang Prabu kepranan penggalihe. Mbokmenawa ing telenging penggalihe, Sang Prabu krasa yen nom-noman kuwi kaya dudu wong liya. Pasuwitane banjur ditampa.

Sawijining dina Sang Prabu ngersakake mbebedhag ana alas. Joko Dilah matur yen ngersakake mbebedhag ora prelu tindak menyang alas.“Piye ta karepmu, mbebedhag kok ora entuk menyang alas,” gumun Sang Prabu mireng ature Joko Dilah. “Mangke kula badhe nggiring kewan saking wana dhateng alun-alun, Gusti. Dados paduka mboten sisah tindak dateng wana.” Sanadyan mangu-mangu, Sang Prabu marengake. Joko Dilah banjur bali menyang alas, matur marang biyunge supaya mbiyantu kekarepane. Biyunge banjur nyaguhi. Sakehing kewan alas digiring menyang alun-alun Majapahit, njalari cingaking para kawula, klebu Sang Prabu dhewe. Dina kuwi Sang Prabu mbebedhag ing alun-alun. Sakwise marem, kewan-kewan sisane banjur diulihake maneh menyang alas. Sang Prabu banjur nggelar andrawina, dhahar asiling mbebedhag karo para kawulane.

Ya amarga saka kuwi Jaka Dilah banjur dadi abdi kinasih. Sawijining dina Sang Prabu kepingin banget pirsa, sapa sejatine Jaka Dilah sing solah bawane banget mranani, lan kekuwatane ngedab-edabi. “Ora ngono Dilah, sejatine kowe kuwi anake sapa. Kowe kok pengpengan temen,” pandangune Sang Nata.

Sanadyan mangu-mangu, wusanane Joko Dilah matur sapa dheweke kuwi sejatine. Sang Prabu trenyuh penggalihe amarga jebule Jaka Dilah kuwi tetesing winihe dhewe. Kajurung rasa tresnane ananging ora kepingin mbukak wadine, Jaka Dilah banjur diparingi jeneng Arya Damar, lan banjur didadekake adipati ana Palembang. Ing tembe mburine, Arya Damar dadi bapak angkate Raden Patah

Comments

Popular posts from this blog

KIRANA LARASATI

MOBIL ESEMKA

WINDOWS