CERITA WAYANG BAHASA JAWA
ARYA DAMAR Nalika semana sang Prabu Brawijaya lagi mbebedhag ing satengahing alas. Ora ngira yen ing alas kuwi ana gandarwa wadon sing lagi nggatekake. Meruhi bagus bregase Sang Prabu, gandarwa mau banjur kasmaran. Gandarwa mau jenenge Sasmitapura. Rina lan wengi wewayangane Sang Prabu ora bisa dilalekake. Rumangsa ora kuwat nyangga urubing asmara, Sasmitapura banjur nangisi lan njaluk tulung marang kakange. Welas meruhi panandhange adhine, kakange Sasmitapura banjur ndandani Sasmitapura saengga wujude malih dadi wanita ayu sing prasasat ora ana tandhinge. “Wis, Ndhuk, saiki rupamu wis ora wujud gandarwa. Rupamu ayu, kinyis-kinyis, ngalahake sakehing wanita ing saklumahing bumi iki.” “Iya, Kakang, aku seneng banget. Nanging apa bener Sang Prabu bakal kayungyun yen weruh wujudku saiki?” “Mesthi wae, Ndhuk. Sang Prabu mesthi kayungyun. Saiki budhala tumuju Majapahit, suwitaa...